Dina selanjute juga pada. pas dina kamis tepekonge dadusi nang pelabuhan. Biasa wong Tegal ning ana kaya kie bakalan rame. Ana wong tabrakan be rame apa maning acara kaya kie. tepekonge dilarak awit klenteng anjog pelabuhan. terus nang kana dadusi terus biasaa mein sesajen maring laut sebagai penghormatan maring dewa.akeh sing ngomong ning bar imlekan berarti musim udane mandeg. tapi ya bener juga. pira dina kiye ora udan. sedurunge imlek udan kaya pan tiap dina. anjog banjir sih kaya sing postingane nyng sing sedurunge.
Dina jumate wayahe di goyang goyangna dewa. sing goyang goyang ora mung wong tuwa cah cilik juga melu berpastisipasi. sing penting kuat aja anjog dewane tiba.awit dina rabu anjog jumat rame terus alhamdulillah bisa membantu pedagang kaki lima. sing nabuh nang klenteng be dudu wong cina tok. kadang ana wong jawa melu . biasa engko olih amplop saka OOH dan CICI.
Pas bengi malam sabtu sebagai penutupan pasar kuliner pada nabuh mercon. mercone ora mung siji tapi akeh bentuke ya werna werna. saka sing cilik nemen anog sing gede kaya kedebog gedang.nang langit bisa apik nemen kaya pelangi. sing nabuh ya dudu mung wong siji. pihak klenteng juga nabuh mercon. wong wong pada midio mercone sisan foto foto nggo kenangan ning Tegal juga tau ana pasar kuliner
Ana manfaate juga acara kie antara lain bisa mbantu pemasukan pedagang kaki lima,sing mien olih untunge mung 50k seki bisa 75k. terus manfaate bisa menjalin atau mempererat persaudaraan antar umat beragama lan bisa saling ngurmati lan berpastisipasi. semoga gara gara acara kie wong Tegal mbuh kuwe islam kristen konghucu budha utawa hindu bisa hidup rukun lan bisa ngurmati agama sing liyane










0 comments:
Post a Comment