Internet kue jaringan komputer sing digawe karo Departemen Pertahanan Amerika Serikat pada tahun 1969, lewat proyek ARPA sing disebut ARPANET (Advanced Research Project Agency Network), sing ndi kabehe mendemonstrasikan kepibe karo hardware lan software komputer sing berbasis UNIX, dhewek bisa nglakoni komunikasi sing jarake ora terkira nganggo saluran telepon.
Proyek ARPANET ngrancang wujude jaringan, kehandalan, sing gede informasi bisa dipindah,lan kabeh standar sing dhewek tentukna dadi cikal bakal pegaweyan protokol anyar sing saiki dimei aran dadi TCP/IP (Transmission Control Protocol/Internet Protocol).
Tujuan awale digawene proyek kue nganggo keperluan militer. Pas dina kae Departemen Pertahanan Amerika Serikat (US Department of Defense) nggawe sistem jaringan komputer sing gede guna ngehubungna komputer ing daerah-daerah vital nggo ngatasi masalah ning ana serangan nuklir lan nggo nghindari dadine informasi terpusat, sing mbokan ana perang gampang diancurna.
Pas kae ARPANET kur bisa hubungna 4 situs bae yaiku Stanford Research Institute, University of California, Santa Barbara, University of Utah, sing kabehe mbentuk siji jaringan terpadu pas taun 1969, lan sing umum ARPANET dikenalna pas wulan Oktober 1972. Ora sue proyek kie berkembang pesat ning kaneh daerah, lan kabeh universitas neng negara eben bisa gabung, dadine ARPANET kangelan nganggo ngatasine.
Dadine ARPANET dipecah dadi loro, yaiku “MILNET” nggo keperluan militer karo “ARPANET” anyar sing luwih cilik nggo keperluan non-militer kaya, universitas-universitas. Gabungan kelorone jaringan akhire dikenal karo DARPA Internet, Bar kue disederhanakan dadi Internet.














