Sawise njukut rapot,wayahe preinan.dina pertama preinan aku mung nang umah tok.mbantu mbantu wong tua. ning aku gabut nang umah,aku luwih milih sinau buku fokus kanggo persiapan unbk.ora krasa unbk 4 wulan maning.mangkane aku kudu siap siap lan akeh latian soal. dina keloro aku juga pada bae kegiyatane kaya dina pertama.
Pas dina rabu,kancane aku ngejak maring Pekalongan. Pas kuwe jam 10 an ngejake. Aku musyawarah ndisit anjog jam 11. Jebule kancane aku nang umah kaya aku,mangkane njaluk preinan bareng.Sawise musyawarah,kancaku pada setuju akhire pada njaluk ijin mring wong tuane . Niate aku lan kanca kanca pan mangkat numpak sepur,jebule bapane kancane aku gelem ngater maring Pekalongan.yaws alhamdulillah hemat pengeluaran.Aku kaliyan kanca kanca mangkat jam 4 sore lan anjog jam set 7. Aku nginep nang umahe dulure Apin
Aku langsung istirahat ngeluk boyok ing kamar kang wis di siapna. Ora kerasa jebule wis waktu sholat isya,aku lan kanca kanca ijin sholat maring masjid. Sawise anjog masjid,aku lan kanca kanca keder soale laka tempat wudune mung ana kolam tapi ana iwake. Pas pertama ana kran trs orabisa metu banyune. Pas ndeleng bapa bapa wudhu nang kolam akhire melu melu. Pertamane heran bisane kolam iwak nggo wudu apa sholate sah?.yaws akhire menghargai budaya nang kana.balik sholat jebule wis disediakna nasi goreng.alhamdulillah nemen wareg.sawise mangan pada guyonan lah nglanjut turu. Pas dina pertama akeh sing ora bisa turu amarga panas nemen lan pas bengi bengi ngelak. goleti ngalor ngidul laka banyu. Akhire turu dengan kehausan. jam 4 ws pada tangi lan solat subuh. bar solat subuh sarapan.Tapi kie sarapane sejen ora kaya nang Tegal. Aning nang Tegal sarapane ponggol,Ning nang Pekalongan sega megono. Asline mirip ponggol tapi kaya ana adep adepe.
Dina pertama aku maring pantai pasir kencana. golet nang google sih apik pantaine tapi barang mana mirip kaya PAI tapi apik kuwe.sepi juga soale banyune lagi pasang.Sawise maring pantai pasir kencana,aku lanjut maring Alun Alun Batang lan sisan jumatan nang kana.Sawise jumatan,aku lan kanca kanca keder pan maring ndi maning. Nang Alun Alun Batang sepi.Niate pan balik nganggo gocar tapi larang .Akhire ngalahi mlaku ndisit sekesele sikil. Ora kerasa nang Batang nemu taman kang apik namane Taman Hutan Rajawali. Nang kana aku dolanan lan foto foto ndisit. Tamane apik ora kaya Taman Poci. Aku nglanjut mlaku mning. Niate sih ben anjog perbatasan Pekalongan tpi jebule adoh.Akhire aku mesen gocar nggo balik. Ws anjog umah aku lan kanca kanca adus lan sholat ashar. Pas bengi bengi aku diajak kancane mangan Lamongan. Pas anjog mana jebule dibayari kancane bapane aku(Cena). aku mangan lan balik jam 10an. Pas nang kamar,aku dikagetna gara gara kancaku ana sing ngiler. Cena nyalakna lampu lan aku gugah kancane aku sing ngiler(Daffa). Daffa teka teka langsung mencak mencak soale ning lagi turu terus tangi ora bisa nglanjut turu maning. Daffa langsung maring kamar mandi raup lan nglanjut turu. aku lan kanca kanca mung bisa guya guyu kaku. asline isin soale ngrepoti dulure Apin.
Sesuke aku rencana pan maring pemancingan Bang Dul. tapi kancane aku ana sing nyarana maring pantai Wonokerto amarga gocare murah.Akhire aku maring pantai Wonokerto. kirani nang kana pasire putih jebule ora.pada bae kaya nang pulkod. Sedurunge Pantai Wonokerto ana pemancingan2. Aku nang Pantai Wonokerto keder pan apa,akhire maring pemancingan.barang anjog mana jebule ora nyewakna pancingan. terpaksa kudu mlaku balik maring umah. Mangkane nang Pantai Wonokerto laka sinyal lan ora bisa mesen gocar soale terpencil tempate. Akhire aku mlaku mring pantura. Alhamdulillah ana mobil dompleng sing lewat lan ijin jebule olih numpak. yaws akhire anjog metu pantura numpak mobil dompleng. sawise nang pantura aku langsung mesen gocar. tujuan selanjute maring matahari mall sisan mangan awan nang kana lan sholat dhuhur. aku mangan mie ayam nang alun alun Pekalongan. lan lanjut sholat nang Matahari Mall.Walopun ora belanja belanja tapi mlaku mlaku ndisit nang Matahari Mall.sawise aku sholat aku langsung balik.Tradisi biasa yaiku mlaku ndisit anjog gocare regane murah.Ws anjog umah aku lan kanca kanca istirahat sedelat lan siap siap pan balik numpak kereta. Aku lan kanca kanca otw Tegal jam 6 tpi teka maring stasiune jam setengah 5. Akhire ngeprint tiket ndisit lan nunggu anjog jam 6. Ora kerasa jebule wis jam 6,sepure uga uwis anjog. Aku langsung manjing sepur lan balik. Iki pengalamane aku pas semesteran wingi












0 comments:
Post a Comment